Naskah Atur Pambagya Harja Pahargyan Mantu
Bismillahirrahmanirrahim.
Assalamu'alaikum
Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillah,
alhamdulillahilladzi anzala sakinata fi qulubil mu'minin, liyazdadu imanan ma’a
imanihim. Was-shalatu was-salamu 'ala asyrofil anbiya'i wal mursalin, nabiyyina
Muhammadin, wa 'ala alihi wa shahbihi ajma'in. Amma ba'du.
Qālal-lāhu
Ta‘ālā: Wa min āyātihī an khalaqa lakum min anfusikum azwājal litaskunū ilaihā
wa ja'ala bainakum mawaddataw wa raḥmah, inna fī żālika la'āyātil liqaumiy
yatafakkarụn. Wa Qāla Rasūlullāh: An-nikahu sunnati, faman raghiba 'an sunnati
falaisa minni. Shadaqallāhu wa shadaqa Rasūlullāh. Allāhummarḥamnā bil-Qur’ān.
Kawula
nuwun, sagunging para pinisepuh ajisepuh kakung miwah putri ingkang satuhu
kinabekten. Sagunging para lenggah, para rawuh kakung miwah putri ingkang
satuhu kinurmatan. Wabil khusus dhumateng panjenenganipun Bapak … Ibu …
sekulawangsa (besan) ingkang mugi-mugi tansah pikantuk rahmatipun Allah
Subhanahu wa Ta'ala.
Sakderengipun,
kula nyuwun deduka ingkang kathah, agenging samudra pangaksami, awit kula
kumawantun gempil kamardikan anggen panjenengan sami wawan pangandikan. Kula
nuhoni dhawuh pamundhutipun Bapak … Ibu … sekulawarga, ingkang kinen
ngaturaken pambagya yuwana wonten ing lumampahing titilaksana adicara
tasyakuran walimatul 'urs ing siang kalenggahan punika.
Ingkang
sepisan, panjenenganipun Bapak … ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsa dalem
Allah Subhanahu wa Ta'ala, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan saha
karahmatan dhumateng kita sedaya, saengga wonten ing siang kalenggahan punika
kita sedaya taksih dipunijinaken makempal wonten ing dalemipun Bapak … ingkang
saperlu hangayati lumampahing titilaksana adicara tasyakuran walimatul 'urs ing
siang kalenggahan punika.
Sholawat
saha salam mugi tansah katetepaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu
'Alaihi Wasallam, ingkang sampun nuntun kawulanipun saking alam pepeteng tumuju
ing alam pepadhang saha tumuju ridhonipun Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Para
pinisepuh ajisepuh kakung miwah putri ingkang mugi-mugi tansah pikantuk
sihnugrahaning Allah Subhanahu wa Ta'ala.
Panjenenganipun
Bapak … ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lelenggahan kanthi mardu mardikaning
penggalih. Ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng panjenengan
sedaya ingkang sampun nuhoni punapa ingkang dados panyuwunipun, kepareng rawuh
hangestreni lumampahing titilaksana adicara tasyakuran walimatul 'urs ing siang
kalenggahan punika.
Wosing
gati, panjenenganipun Bapak … wonten ing wekdhal siang kalenggahan punika
ngundhuh mantu pinanganten sarimbit ingkang sesilih Bagus … ingkang
sampun kaijabkabulaken kaliyan Rara …, putra saking panjenenganipun Bapak
… Ibu … ingkang pidalem ing …
Alhamdulillah,
ijab kabul sampun kalampahan dinten …, surya kaping … wanci tabuh …
enjing wonten ing dalem … kanthi wilujeng nir ing sambikala pikantuk donga
pangestu saking panjenengan sedaya.
Atur
ingkang salajengipun, panjenenganipun Bapak … ugi ngaturaken panuwun ingkang
tanpa pepindhan dhumateng panjenengan sedaya, sanak kadang para mitra ingkang
sampun keparengaken dhumateng Bapak … sekulawarga saengga saged andayani
kasembadanipun sedaya punika. Bapak … mboten saged ngaturaken piwales punapa
kemawon, namung saged dedonga mugi-mugi panjenengan sedaya tansah pikantuk
ganjaran saking ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta'ala.
Atur
ingkang salajengipun, Bapak … ngaturaken agunging samudra pangaksami mbok bilih
anggenipun para amung rawuh nampi karawuhan panjenengan sedaya, nglenggahaken
kirang nuju prana awit swasana, ugi para kadang kaneman kirang trep anggenipun
nyaosaken sugata wonten ing ngarsa dalem panjenengan sedaya. Mugi-mugi sedaya
wau tinamban pangaksama saking panjenengan sedaya.
Ing
pungkasaning atur, mbok bilih anggen kawula ngaturaken pambagya yuwana wonten
ing lumampahing titilaksana adicara tasyakuran walimatul 'urs ing siang
kalenggahan punika taksih kathah pitaling atur, kirang jangkeping basa, saestu
nyuwun agunging samudra pangaksami. Mugi-mugi panjenengan sedaya karsa
hangestreni dumugi rampunging titilaksana adicara walimatul 'urs ing siang
kalenggahan punika.
Sakderengipun
nderek dedonga, Bārakallāhu laka wa bāraka ‘alaika wa jama‘a bainakumā fī
khair, mugi-mugi penganten kekalih dados kulawarga ingkang sakinah,
mawaddah, wa rohmah, fid dunya wal akhirah.
Wabillahi
taufiq wal hidayah.
Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Tidak ada komentar