Atur Pasrah Temanten Putri Singkat
السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ
وَبَرَكَاتُهُ
Para
pinisepuh, sesepuh, saha para lenggah kakung putri ingkang tansah kinurmatan.
Langkung-langkung
keluarga besan sutresna Bapak Khamasah Arkhanudin-Ibu Watini ing
dukuh Ganginkulon RT. 04 RW. 07 Karangtengah Weru Sukoharjo.
Sepisan…
(ungkapan syukur dan shalawat)
Saklajengipun
kula minangka wakil saking keluarga Bapak Suryanto-Ibu Siti Rohmiyati ngaturaken panuwun ingkang kathah dumateng Bapak Khamasah Arkhanudin-Ibu Watini, bilih wekdal punika sampun nampi kanthi sae kula
sakrombongan wonten ing pahargyan ngunduh mantu enjang punika. Mugi-mugi tansah
pinaringan berkah kesaenan saking Allah SWT.
Panjenenganipun Bapak Khamasah Arkhanudin-Ibu Watini ingkang kawula hormati, bilih Bapak Suryanto-Ibu Siti Rohmiyati lumantar kawula masrahaken temanten kekalih,
inggih punika Mas Yunahar Ilyas Muh Syafich, S.H – Mbak Wafiq Nur Azizah ingkang
akad nikah sampun kalampahan wonten ing dinten Ahad, surya kaping 12 April
2026, wonten ing dukuh Blimbing Rt. 04/Rw. 04 Wonorejo Polokarto Sukoharjo.
Mugi-mugi Bapak Khamasah Arkhanudin-Ibu Watini lan keluarga
khususipun, ugi masyarakat mriki umumipun, kersa paring bimbingan supados
temanten kekalih saget dados keluarga ingkang sakinah mawadah warahmah.
Ingkang
terakhir, kula atas nami Keluarga Bapak Suryanto-Ibu Siti Rohmiyati, bilih
mangke saksampunipun acara paripurna, kula sakrombongan lajeng nyuwun pamit.
Mugi-mugi kula sakrombongan wangsul saking dalem mriki tumuju dateng griyanipun
piyambak-piyambak, tansah kaparingan kawilujengan saking Allah SWT, mboten
wonten alangan satunggal punapa.
Sakderengipun
dalem pungkasi, mbokmenawi anggen kula matur, ugi saking keluarga Bapak
Suryanto-Ibu Siti Rohmiyati sakrombongan wonten tindak tanduk ingkang
mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ
اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ
Tidak ada komentar